Archive

Archive for the ‘Suroboyoan’ Category

Kepiting

April 19, 2008 Leave a comment

<!–[if gte mso 9]&gt; Normal 0 false false false MicrosoftInternetExplorer4 &lt;![endif]–><!–[if gte mso 9]&gt; &lt;![endif]–>Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.

“Yo wis tak tukokno nang rolak” jare Muntiyadi.

“Lho gak numpak bronpit tah ?” takok Romlah.

“Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae” jare Muntiyadi.

Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo.

Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi pethuk ambek bekas pacare biyen, jenenge

Sablah.

“Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?” takok Sablah.

“Kate nglencer golek angin . .” jare Muntiyadi.

“Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae”

jare Sablah ngalem.

Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam

Ndhik kono lak isis tah, dhadhi gak keroso moro-moro wis sore.

“Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo .” jare Muntiyadi.

Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai

kresek.

Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke jebol,

kepitinge buyar kabeh.

Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengok-bengok “Ayo cepetan

thithik . wis meh tekan iki “

 

Krungu bojone bengok-bengok, Romlah ambek muring-muring.

 

“Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring

padhakno bebek ae. Mulakno kok sui. . .”

Categories: Suroboyoan Tags: , ,

Mercon

April 19, 2008 Leave a comment

<!–[if gte mso 9]&gt; Normal 0 false false false MicrosoftInternetExplorer4 &lt;![endif]–><!–[if gte mso 9]&gt; &lt;![endif]–>

Kentir pethuk ambek konco lawase sing jenenge Kentus.

Pas ketemu arek loro iku podho kagete mergo Kentir ambek Kentus

podho-podho sirae petal, raine gosong ambek untune yo podho bogange.

Arek loro iku takok takokan opoko kok isok podho bocele.

Kentir cerito lek raine rusak, sirae petal, ambek untune ngowos mergo

melok nyemprot kobongan ambek mangap.

“Pas aku mangap dhadhak onok elpiji mbledhos” jare Kentir.

Mari ngono Kentir takok nang Kentus opoko kok sirae petal.

“Mari teraweh aku nyumet mercon ambek rokok. Mari tak sumet, mercone

tak sawatno wong dhodhol soto terus ndhelik ambek ngisep rokok.

 

Dhadhak wonge ngerti, aku diuber terus sirahku digepuki pikulane

soto” jare Kentus.

“Lha lek raimu opoko kok gosong” takok Kentir maneh.

“Mari sirahku waras, aku merconan maneh. Mari tak sumet ambek rokok,

mercone tak sawatno wong dhodhol bakso terus dhelik maneh ambek ngisep

rokok. Dhadhak aku ketemon maneh, aku diuber mari ngono diguyang

dhudhuhe bakso” jare Kentus.

“Wok nemen kon iku, ngono yo gak kapok. Lha lek untumu opoko kok

guwung kabeh ?” takok Kentir maneh.

“Oo lek iki seje ceritone. Pas katene nyumet mercon dhadhak onok arek

pacaran liwat”

“Kapok kon, mulakno tah ojok seneng nginceng. Paling kon digibheng

ambek sing lanang ” jare Kentir kemeruh.

“Gak ngono ceritone . .” jare Kentus.

“Opoko lho . .?” takok Kentir.

“Aku lali . . . Rokokku sing tak sawatno. . .”

Categories: Suroboyoan Tags: , ,

Numpak Taksi

April 19, 2008 Leave a comment

<!–[if gte mso 9]> Normal 0 false false false MicrosoftInternetExplorer4 <![endif]–><!–[if gte mso 9]> <![endif]–>

Muntiyadi mari mulih jogo kiro-kiro jam rolas bengi.

Embong wis suepi, gak onok bemo sing lewat, ojek yo gak onok.

Muntiyadi malih merinding disko opo maneh ketepakan saiki malem Jum’at

kliwon.

Mari ngenteni sui, akhire onok taksi liwat, waduh lumayan pikire.

Mari mlebu taksi lungguh ndhik mburi, Muntiyadi terus ngandani supir

taksine njaluk diterno mulih nang Wiyung.

Mergo kekeselen, gak sui Muntiyadi langsung keturon pules.

Pas enak-enak turu, Muntiyadi moro-moro keroso taksine kok tambah

alon.

Bareng didelok dhadhak supir taksine wis gak onok, tibake montore

mlaku dhewe.

Muntiyadi tambah gemeter pas ndhelok tibake taksine lagi ngeliwati

kuburan.

Mergo gak kuat nahan wedhi, Mutiyadi bengok-bengok ambek kepuyuh-puyuh

“Tolong !!. . .tolong !!”.

Moro-moro seko jendelone taksi, onok endhase supir taksi njengongok.

Muntiyadi tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene.

 

“Hee cak . .ojok turu ae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki

lho. .”

Categories: Suroboyoan Tags: , ,

Bajak Laut

April 19, 2008 Leave a comment

<!–[if gte mso 9]&gt; Normal 0 false false false MicrosoftInternetExplorer4 &lt;![endif]–><!–[if gte mso 9]&gt; &lt;![endif]–>Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines ndhik angkatan darat.

Tibake Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek

tangane sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras.

Sing luwih nemen maneh, motone gempil kari sing kiwo. Moto sing

tengen wis cumplung ditutupi kain ireng malih koyok bajak laut.

“Lho Mun, sikilmu opoko ? ” takok Gempil.

Mari ngono Muntiyadi cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.

“Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?” Muntiyadi genti takok nang

Gempil .

“Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak granat, langsung puthul.

Pas iku onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem, akhire yo ngene

sikilku dhadhi mek sithok”.

“Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok digenti cathoke

beras ?” takok Muntiyadi maneh.

“Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik barak. Moro-moro

barakku dibom ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung tughel.

Pas iku onoke cathoke beras, timbangane gak onok blas, akhire aku

gelem. ” jarene Gempil maneh.

“Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok cumplung pisan ?

Kelilipen granat tah ?” takok Muntiyadi maneh.

“Oo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk nyeritakno pengalamanku iku

mau, moro-moro onok manuk nembeleki mripatku “. jare Gempil.

“Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok ditembeleki manuk isok

motone cumplung”. Muntiyadi mulai gak percoyo.

“Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk” jare Gempil.

“Lho opoko ?” takok Muntiyadi.

“Iku pas dino pertama aku nggawe cathok beras”.

Categories: Suroboyoan Tags: , ,

Wedhus

April 19, 2008 Leave a comment

<!–[if gte mso 9]&gt; Normal 0 false false false MicrosoftInternetExplorer4 &lt;![endif]–><!–[if gte mso 9]&gt; &lt;![endif]–>

Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.

“Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” jare Bunali

“Yo lumayan ” jare si Mbah

“Pira kabehe, Mbah ?” takon Bunali maneh

“Sing putih opo sing ireng ?”

“Sing putih, wis”

“Selawe”‘

“Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'”

“Podho…” jare Wonokairun ambek ngarit suket

Bunali takon maneh.

“Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”

“Yo..”

“Pirang kilo mangane sakdino ?”

“Sing putih opo sing ireng ?”

“Sing ireng, wis’

“Yo kiro-kiro limang kiloan”

“Lha sing putih?”

“Podho . . .”

Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah

ireng, wong jawabane yo podho ae.

“Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren

takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa

ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?”

“Ngene lho, sing putih iku wehusku…”

“Lha sing ireng ?”

“Podho . . .”

Categories: Suroboyoan Tags: , ,

Semongko

April 19, 2008 Leave a comment

Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong,

padahal lagi wayahe panen.

Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing ilang.

Jarene wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep.

Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.

Sore-sore sak durunge mulih, Bunali masang papan peringatan sing onok

tulisane ngene, “Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji

semongkoku iki wis tak suntik racun”

Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Bunali mulih.

Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik

pancet limolas.

“Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi “

pikire Bunali.

Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling ketiup

angin, pikire Bunali maneh.

Pas diwalik, tibake papan pengumumane ditambahi tulisan ambek malinge,

“Awas !!! saiki onok loro”.

Categories: Suroboyoan

Nostalgia

April 19, 2008 Leave a comment

Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia

numpak bronpit.

Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.

“Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang tau kepungkur pas

pacaran biyen ?” jare Muntiyadi.

“Iyo cak, setuju.” jare Romlah.

Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku

iku.

Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas pacaran

biyen.

Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh.

Ndelok bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat.

Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.

“Waduh dik, awakmu kok cik girase ” jare Muntiyadi.

“Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. .”

Categories: Suroboyoan

Wedhi karo bojo

April 19, 2008 Leave a comment

Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah.

Masalahe muntiyadi cinta pol karo romlah.

Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah baris.

Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro.

Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone.

Barisan sing kedua tentara sing gak wedi karo bojone.

Pas komandan ngecek barisan.

Barisan sing pertama akeh pol.

Barisan sing kedua cuman siji yo muntiyadi

Komandanne takok nang muntiyadi :

Opo’o peno kok gak wedi karo bojo.

“Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku” Jare

Categories: Suroboyoan

ASI

April 19, 2008 Leave a comment

Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendhong bayek.

Gak sui Yuk Jah diceluk mlebu, tibake doktere guanteng.

Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk Jah, “Ning, arek iki

ngombe ASI opo susu botol ?”

“ASI pak dokter . . .” jare Yuk Jah.

“Wah lek ngono tulung aku prelu merikso susu sampeyan, ” jare doktere.

Yuk Jah nurut, klambine dibukak.

Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon.

Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng pisan.

Wis mari merikso, doktere ngomong ngene, “Waduh Ning, yo pantes bayek

sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu.”

Jare Yuk Jah, “Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter “.

“Lha sopo maneh lho ? .” doktere bingung.

“Aku iki ewange . .”

Categories: Suroboyoan

Asmuni

April 19, 2008 Leave a comment

Bunali lagi kulak sandal nang pasar.

Moro-moro onok arek marani Bunali.

“Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?” takok arek mau.

“Dhudhuk !. Ngawur ae.!!” jarene Bunali.

“Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!” jarene arek mau ngeyel.

Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi

arek mau tetep ae ngotot gak percoyo.

Ndhik endhi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.

Mergo mangkel, akhire Bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.

“Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon !!”

“Tapi kok gak mirip blas yo?” jare arek mau ambek nginclik.

Categories: Suroboyoan